Minggu, 21 Desember 2014

Bahasa dan Sastra Jawa [2]

TUGAS INDIVIDU
TEMBANG MACAPAT

Pengampu : Imam Sutardjo






 Oleh:
Fitri Yulianti    (A310130155)

Kelas 4 G

PENDIDIKAN BAHASA, SASTRA INDONESIA DAN DAERAH
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH SURAKARTA
2014



ATUR PAMBUKA

Puji syukur kita panjataken dhumateng ngarsanipun gusti Allah YME ingkang sampun nglimpahaken kasih lan tresnanipun, sahingga kita saget ngrampungaken tugas damel makalah niki yaiku salah sawijining syarat damel nglengkapi tugas bahasa jawa ing semester 2 meniki.
Mboten kesupen rasa maturnuwun datheng:
1.      Bapak Imam Sutardjo, dosen Bahasa lan Sastra Jawa, Universitas Muhammadiyah Surakarta ingkang sampun menehi pengarahan kalian bimbingan datheng kita sedaya anggen kita nyusun karya tulis niki.
2.      Rencang-rencang sedaya ingkang sampun nyampekne karya tulis niki.
Kita nyuwun agunging pangapunten anggene damel karya tulis niki kurang sampurna lan kathah klentunipun ingkang boten kita mangertosi.
Kirane sedaya kesaean ingkang sampun maringi datheng kita angsal balesan saking gusti Allah YME. Mugi-mugi makalah niki wonten paedahe kagem sedaya ingkang maos.

Surakarta, 8 Juni 2014


Penulis









ii



BAB I
PURWAKA

A.      Lelandhasaning Masalah
Apresiasi sastra jawa punika kathah sanget jinisipun. Salah satunggal jinise yaiku tembang. Warisan budaya punika saged dipun sinau dening kawula muda. Budaya jawi punika ugi saged mbiyantu para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. Budaya luhur babagan tembang menika yaiku reriptan kanthi paugeran tartamtu kang pamacane kudu dilagokake. Makalah puniki, badhe dipunsuguhaken babagan jinisipun tembang wonten ing budaya lan sastra jawa.

B.       Undharaning Masalah
Wonten 8 perkawis ingkang dipunaturaken wonten ing makalah menika, yaiku:
1.      Menapa ingkang dipuntegesi tembang?
2.      Kados pundi jinisipun tembang iku?
3.      Menapa ingkang dipuntegesi tembang macapat?
4.      Apa bae babagan kang prelu dimangerteni menawa nembang macapat?
5.      Apa bae macem-macem tembang macapat iku?
6.      Apa bae sambung rapete Laras, Pathet, Titi Laras lan Cakepan kaliyang tembang macapat?
7.      Kados pundi jenis, watak, pasemon lan sasmitane tembang macapat?
8.      Apa bae tuladha tembang macapat iku?


C.      Tujuan
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan tembang menika langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khusussipun masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng tetembangan, supados kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.

D.      Paedah
Paedah saka makalah iki, yaiku:
1.      Kanggo masyarakat minangka papan sinau ngenani budaya tembang, lan bisa luwih mangerteni klira-klirune pangerten tembang.
2.      Kanggo panulis minangka papan informasi ngenani budaya Jawa sing bisa didadekake cekelan kanggo panaliti sabanjure sing ana gegayutane karo karya iki.
















BAB II
ANDHARAN

A.      Pangertosan Tembang
Tembang inggih menika reriptan kanthi paugeran tartamtu kang pamacane kudu dilagokake. Ana kang duwe panemu manawa tembang asal saka tembung wancahan; tembung lan kembang, banjur dadi tembang. Tembang yaiku tembung kang ditembangi mawa titi larasing gamelan.

B.       Jinisipun Tembang
Manut jinise tembang iku kaperang dadi telu:
1.      Tembang Gedhe (sekar ageng), kayata:
a.       Sekar Ageng Kusumastuti
b.      Sekar Ageng Citramengang
c.       Sekar Ageng Kumudasmara
d.      Sekar Ageng Pamularsih
e.       Sekar Ageng Tepikawuri lan sapanunggale
Gunane kanggo:         1)  Suluk pedhalangan.
                                   2)  Kanggo mbawani gendhing.
2.      Tembang Tengahan (sekar tengahan), kayata:
a.       Sekar Tengahan Pranasmara – Juru demong
b.      Sekar Tengahan Pangajabsih – Girisa
c.       Sekar Tengahan Palugon – Wirangrong
d.      Sekar Tengahan Kuswaraga
Gunane kanggo mbawani gendhing.
3.      Tembang Cilik (sekar alit)
a.       Tembang macapat
b.      Tembang dolanan



C.      Pangertosan Tembang Macapat
Tembang macapat yaiku tembang kang kawengku dening paugeran kang gumathok yaiku guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Gunanipun tembang macapat yaiku:
1.      Kanggo ana ing kasusastran jaman saiki yaiku lumrahe carane nglagokake utawa nembangake ngaggo irama mardika.
2.      Kanggo nggerongi gendhing lire ditembangake utawa dilagokake kanthi binarung swaraning pradangga.
3.      Kanggo mangerti kasusastran jawa jaman saiki.
4.      Kanggo ngarang kapustaka jawi.
5.      Kanggo ngiringi tembang ketoprak, wayang, ludruk lan sakpanunggale.
6.      Kanggo ngiringi parikan lan dagelan.
Tembang macapat menika, nggadhahi titikan. Titikanipun tembang macapat yaiku:
1.      Nganggo pathokan guru lagu, guru wilangan, dhong-dhing, guru gatra, pada lan pupuh.
a.       Pada                      :  yaiku cacahing larikan tembang saben baite.
b.      Pupuh                    :  yaiku bisa kedadean saka pirang-pirang pada,
   miturut dawa lan cendhake tembang.
c.       Guru gatra             :  yaiku jenenge larikan tembang macapat, tembang
   gedhe diarani pada dirga.
d.      Guru wilangan      :  yaiku cacahing (wilangane) wanda (suku kata)
   saben gatra.
e.       Guru lagu              :  yaiku tibaning swara saben pungkasaning gatra.
   (paduan bunyi/ sajak), dhong-dhing, tiba swara
   “u” utawa “i”.
2.      Bebasane basa jawa saiki.
3.      Bisa ditembangake tanpa iringan gendhing gamelan.



D.      Babagan kang Prelu Dimangerteni Menawa Nembang Macapat
Menawa arep nembang macapat prayogane kudu mangerteni, kayata:
1.      Mangerteni wataking tembang.
2.      Mangerteni guru wilangan lan guru lagune.
3.      Mangerteni tegese tembung, satemah ora waton medhot tembung.
4.      Mangerteni laguning tembang.
5.      Mangerteni titi laras, slendro lan pelog.
6.      Bisa ngukur swarane dhewe.
7.      Ora kakehan Luk, paling akeh mung telung titi laras.
8.      Sawanda adate satitilaras paling akeh rong titi laras.
9.      Lesane nalika nembang kudu cetha, lan sapanunggalane.

E.       Macem-macem Tembang Macapat
Tembang macapat menika, wonten 11 warna, yaiku:


1.      Pocung
2.      Maskumambang
3.      Gambuh
4.      Megatruh
5.      Kinanthi
6.      Asmaradana
7.      Mijil
8.      Sinom
9.      Pangkur
10.  Durma
11.  Dhandhanggula



F.       Sambung Rapete Laras, Pathet, Titi Laras lan Cakepan
Tembang macapat menika nggadhahi sambung rapete kaliyan laras, pathet, titi laras lan cakepan, yaiku:
1.      Laras
Laras yaiku rasaning swara thinthingane gamelan ana rong laras yaiku laras slendro lan laras pelog.
2.      Pathet
a.       Laras slendro pathet ana tiga, yaiku:
-          Pathet nem, pathet sanga, lan pathet menyura.
b.      Laras pelog pathet ana tiga uga, yaiku:
-          Pathet lima, pathet nem lang pathet barang.
3.      Cakepan
Cakepan yaiku tetembangan utawa unen-unen kang kanggo ana ing tembang.

G.      Jenis, Watak, Pasemon lan Sasmitane Tembang Macapat
No.
Jinising
Tembang
Watake
Tembang
Pasemone
Sasmitane
Tembang
1.
Maskumambang
Susah, nelangsa keranta-ranta
Cocoge kanggo carita kang susah
Kambang, kumambang kentir, timbul
2.
Pocung
Sembrang pari kena isi pitutur
Cocoge kanggo medharake piwulang becik
Kluwak, uncung, cung
3.
Gambuh
Nambuh, miterang
Kanggo medharake pitutur
Gambuh, embuh, jumbuh, kambuh, tambuh
4.
Megatruh
Sedhih, nglangut, nelangsa, gegetun
Kanggo carita kang sedhih
Pegat, duduk, ndadak, pedhot, megat
5.
Mijil
Gandrung, prihatin medhar pitutur
Kanggo carita isi pitutur, lagi gandrung
Wijil, wiyos, wedhos, walaya, wedal, sulastri, rarastri
6.
Kinanthi
Seneng, gandrung, medhar piwulang
Kanggo mituturi kanthi rasa tresna
Kanthi, gandheng, kanthet, ganthet, kekanthen
7.
Asmaradana
Sengsem, kasmaran, sedhih
Kanggo carita kasmaran/ gandrung
Asmara, kasmaran, brangta, brangti, kingkin
8.
Durma
Sereng, galak, nesu
Kanggo kang lagi nesu, seneng
Mundur, dur, undur
9.
Pangkur
Seneng, gandrung, nesu isi panantang
Kanggo pitutur kang rada sereng
Wuri, yuda kanaka, kur, wuntat
10.
Sinom
Seneng, sengsem, sereng isi pitutur
Kanggo pitutur tantangan perang tandhing
Srinata, ronkamal, nom, anom, logodhang, mudha taruna, weni
11.
Dhandhang-
gula
Renyah, gumbira, grapyak, sumanak, isi pitutur
Kanggo piwulang kidungan
Gula, gendhis, dhandhang, kaga, kresna, gula, drawa, gagak, madu, artati, sarkara
H.      Tuladha Tembang Macapat
1.      Pocung
Bapak pocung, dudu watu dudu gunung
Dawa kaya ula,
Cin-ancikmu wesi miring,
Yen lumaku si pocung ngumbar swara

2.      Pangkur
Jinejer neng wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mekal rasa
Yekti sepi asepalir sepah samun
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk ngleling semi



BAB III
PANUTUP

Dudutan
Tembang inggih menika reriptan kanthi paugeran tartamtu kang pamacane kudu dilagokake. Ana kang duwe panemu manawa tembang asal saka tembung wancahan; tembung lan kembang, banjur dadi tembang. Tembang yaiku tembung kang ditembangi mawa titi larasing gamelan.
Manut jinise tembang iku kaperang dadi telu: 1) Tembang Gedhe (sekar ageng), 2) Tembang Tengahan (sekar tengahan), 3) Tembang Cilik (sekar alit). Tembang macapat iku kalebu sekar alit utawa tembang cilik. Tembang macapat yaiku tembang kang kawengku dening paugeran kang gumathok yaiku guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Gunanipun tembang macapat yaiku:
1.      Kanggo ana ing kasusastran jaman saiki yaiku lumrahe carane nglagokake utawa nembangake ngaggo irama mardika.
2.      Kanggo nggerongi gendhing lire ditembangake utawa dilagokake kanthi binarung swaraning pradangga.
3.      Kanggo mangerti kasusastran jawa jaman saiki.
4.      Kanggo ngarang kapustaka jawi; lan sakpanunggale.
Babagan kang prelu dimangerteni menawa nembang macapat kayata: 1) mangerteni wataking tembang, 2) mangerteni guru wilangan lan guru lagune, 3) mangerteni tegese tembung, satemah ora waton medhot tembung, 4) mangerteni laguning tembang, lan sakpanunggale.
Tembang macapat menika wonten 11 warna, yaiku: 1) Pocung, 2) Maskumambang, 3) Gambuh, 4) Megatruh, 5) Kinanthi, 6) Asmaradana, 7) Mijil, 8) Sinom, 9) Pangkur, 10) Durma lan 11) Dhandhanggula.




DAFTAR KAPUSTAKAN

Margana, dkk. 2005. Trampil Basa. Surakarta: Setya Grafika.
Nurdiana, Iin. 2013. “Budaya”. http://iinnurdiana.blogspot.com/2013/03/naskah-drama-7-anak-jaka-gendheng.html. Diakses pada 6 Juni 2014 pukul 16:47 WIB.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar